Basa Jawa : Bima Bungkus

Sinopsis

     Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus.
     Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
     Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
     Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Pararaseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

Amanat

Sopo sing gelem nglakoni/usaha bakal oleh opo kang dikarepke.

Soal

1. Sinten rama lan ibunipun si bungkus ?
2. Prabu Pandhu raja wonten pundi ?
3. Sinten rayinipun si bungkus ?
4. Awujud punapa raden Bratasena lair ?
5. Kahyanganipun Bathara Guru naminipun punapa ?
6. Wonten pundi pertapanipun Begawan Abiyasa ?
7. Paring busana punapa Dewi Umayi dhumateng si bungkus ?
8. Si bungkus dipunparingi tetenger kaliyan Bathara Narada punapa ?
9. Si bungkus pikantuk wahyu punapa ?
10. Sinten kemawon raja raseksa ingkang dipunsirnakaken Bratasena ?

Wangsulan

1. Ramanipun Pandhu kaliyan ibu Dewi Kunthi.
2. Prabu Pandhu raja Ngastina.
3. Rayinipun si bungkus sesilih Raden Permadi.
4. Lairipun awujud bungkus.
5. Naminipun kahyangan Suralaya.
6. Wonten ing pertapan Wukir Retawu.
7. Dewi Umayi paring busana awujud sumping, gelang, porong, kaliyan kuku pancanaka.
8. Tetengeripun Raden Bratasena.
9. Sinebut wahyu sejati.
10. Raja Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu.

2 comments: